Rabu, 19 September 2012

sesorah ing adicara kesripahan


Assalamu’laikum Wr.Wb
Inna lillahi wa innailaihi roji'uun.. x 3
Dhumateng Kepala BNI ingkang tinulad sinudarsana
Para pinisepuh ingkang anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen
Para kadhang wredha mudhi saha sanggyaning para asung bela sungkawa, bela raos ingkang mahambeg ing tresno lan asih.
Sugeng rawuh, wilujeng enjang lan sugeng pepanggihan.
Sumangga kula dherekaken tansah ngaturaken pamuji syukur maring pangeran Gusti Kang Mahaagung ingkang sampun keparing kathah karahmatan saha kawilujengan satemah ing titi wanci punika kanthi kebagaswarasan, kula lan  panjenengan saged makempal manunggal wonten ing papan menika mboten manggih alangan setunggal menapa. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang dados panutan patuladhan lan kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Salajengipun ing ngriki kula minangkani sesulih saking kulawarga ingkang nembe nandhang dhuhkita, ngaturaken sugeng rawuh saha atur panuwun ingkang tanpa upami, awit panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal, saperlu rawuh asung bela sungkawa, sarta paring pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng sedanipun Bapak Djaelani.
Ugi mboten kesupen ngaturaken panuwun dhumateng sanak sedherek, tangga tepalih sarta kadang sumitra ingkang sampun paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon, ingkang sedaya menika sinedya kangge ngenthengaken sedaya panandhangipun kulawarga Bapak Djaelani ingkang nembe nandhang prihatos. Sedaya kalawau, kulawarga Bapak Djaelani mboten saged atur piwales menapa-menapa, sagedipun namung nyenyuwun wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi sedaya amal kautamen panjenengan sedaya pikantuka leliru sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.
Sanget ing panyuwunipun brayat agung Bapak Djaelani ingkang tinilar murud, mugi-mugi yitmanipun tansah pinaringan padhang dalane, jembar kubure, lepas parane, ingapunten kalepatanipun dhuk rikala sugengipun, pinaringan papan ingkang sakmesthinipun, jumbuh kalayan darma bektinipun rikala sugeng ing alam sawegung. Saha nyuwun pendonganipun, mugi sedaya kulawarga ingkang tinilar sageda ikhlas lair batos, pinaringan sabar narimah ing pepesthen.
Salajengipun, mbokbilih nalika sugengipun, almarhum Bapak Djaelani nggadhahi kalepatan dhumateng panjenengan sedaya, mugi panjenengan sedaya kersa kanthi tulus ikhlas paring pangapunten dhumateng sedaya kalepatanipun. Ugi mbok bilih almarhum kagungan tanggelan menapa kemawon lan dhumateng sinten kemawon saking panjenengan sedaya, kersa panjenengan sesambetan kaliyan kulawarga ingkang tinilar.
Para rawuh para takziyyah ingkang pantes sinudarsana, mekaten menggah pamatur kula minangkani sesulih saking kulawarga, wonten kekirangan saha kalepatanipun nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb


2 komentar:

  1. Wah wah... bagus ni, mbak. Nguri-uri kabudayan Jawi. Lanjutkan ya ...

    BalasHapus
  2. casino slots reviews, promo codes, bonuses, and best bonus
    Casino Slots Reviews · Newest Bonus Casino Bonus 경산 출장샵 · Casino Slot Games Review 충주 출장샵 · Casino 태백 출장안마 Slot 인천광역 출장안마 Games Review · Casino Slot Games Review · Casino Slot Games Review · 강릉 출장마사지 Casino Slot

    BalasHapus